my friends and my teacher

my friends and my teacher
?

Sabtu, 25 Februari 2012

bab peranganing wayang

1. wayang panggungan

ingkang diwastani wayang panggungan menika,wayang ingkang dipun simping/dipun tata wonten debog saurutipun kiwa lan tengen,wiwit saking ageng dumugi aliting wayang. wonten ingkang mastani wayang simpingan,dipun tancepaken wonten kiwa tengening papan palenggahanipun dalang menawi pinuju mayang. wayang ingkang dipun simping kedah ing inggilipun kotak/tutup kotak wayang. menggah tata cara panataning simpingan menika manut ingkang nyimping wayang ingkang diwestani panyumping.

2. wayang dugangan

diwastani wayang dugangan menika kadosta wayang wanara,patihan sabrangan lan sanesipun. diwastani wayang dugangan amargi solahipun asring mbegal utawi ndugang,sering tanding utawi jotos-jotosan lan sapanunggalanipun...wayang dugangan menika mboten kalebet wayang simpingan,utawi saget diagem wayang dudahan.

3. wayang ricikan

wayang ricikan menika tuladhanipun kadosta gunungan (kayon),sato kewan,dedamel (gegaman) lan sanesipun. diwestani wayang ricikan amargi minangka jejangkep (pelengkap) kotak wayang sanesipun wayang dudahan utawi simpingan. wayang ricikan menika ugi wigatos sanget bab pakeliran,awon saenipun wayang ricikan menika gumantung ingkang damel kemawon,bab sanesipun sumangga kemawon.

4. wayang buta prepatan

wayang buta prepatan menika wayang murgan utawi wayang karangan,dados sanes wayang baku...,ingkang katah menika wayang buta sengkalan,tuladhanipun denawa penyareng (denawa cakil),buta glundung utawi buta punuk,pragalba,rambutgeni lan sanesipun.menawi sakpunika wayang buta prepatan katah dipun kreasi manut dalangipun utawi kabetahan bab sabet wayang.minangka cucuking lampah wayang buta prepatan dipun tambahi togog kaliyan sarawita (mbilung).

sumber: BAUWARNA WAYANG RM.Sayid jilid 1 dengan sedikit perubahan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar