my friends and my teacher

my friends and my teacher
?

Sabtu, 25 Februari 2012

bab peranganing wayang

1. wayang panggungan

ingkang diwastani wayang panggungan menika,wayang ingkang dipun simping/dipun tata wonten debog saurutipun kiwa lan tengen,wiwit saking ageng dumugi aliting wayang. wonten ingkang mastani wayang simpingan,dipun tancepaken wonten kiwa tengening papan palenggahanipun dalang menawi pinuju mayang. wayang ingkang dipun simping kedah ing inggilipun kotak/tutup kotak wayang. menggah tata cara panataning simpingan menika manut ingkang nyimping wayang ingkang diwestani panyumping.

2. wayang dugangan

diwastani wayang dugangan menika kadosta wayang wanara,patihan sabrangan lan sanesipun. diwastani wayang dugangan amargi solahipun asring mbegal utawi ndugang,sering tanding utawi jotos-jotosan lan sapanunggalanipun...wayang dugangan menika mboten kalebet wayang simpingan,utawi saget diagem wayang dudahan.

3. wayang ricikan

wayang ricikan menika tuladhanipun kadosta gunungan (kayon),sato kewan,dedamel (gegaman) lan sanesipun. diwestani wayang ricikan amargi minangka jejangkep (pelengkap) kotak wayang sanesipun wayang dudahan utawi simpingan. wayang ricikan menika ugi wigatos sanget bab pakeliran,awon saenipun wayang ricikan menika gumantung ingkang damel kemawon,bab sanesipun sumangga kemawon.

4. wayang buta prepatan

wayang buta prepatan menika wayang murgan utawi wayang karangan,dados sanes wayang baku...,ingkang katah menika wayang buta sengkalan,tuladhanipun denawa penyareng (denawa cakil),buta glundung utawi buta punuk,pragalba,rambutgeni lan sanesipun.menawi sakpunika wayang buta prepatan katah dipun kreasi manut dalangipun utawi kabetahan bab sabet wayang.minangka cucuking lampah wayang buta prepatan dipun tambahi togog kaliyan sarawita (mbilung).

sumber: BAUWARNA WAYANG RM.Sayid jilid 1 dengan sedikit perubahan

Jumat, 03 Februari 2012

sanggitan lakon "KUMBAKARNA GUGUR"

pathet nem

-jejeran negari ngalengka Prabu dasamuka kaadep Indrajid,rembag dhateng guguring senopati ngalengka. Dasamuka ngendika arsa nandingi prabu rama piyambak. Kesaru rawuhipun trimurdha,trikaya,trisirah,trinetra,dewantaka lan narantaka rembag: mboten narimakaken menawi rama tanding kaliyan dasamuka,mila putra ngalengka cacah nem menika diwisudha dados senopati ngalengka..lajeng kondur ngedaton.

-limbukan

-bodholan wadya ngalengka

-bodholan wadya wanara saking guwakiskenda (saderenge perang gagal)

-perang gagal (wadya ngalengka vs wadya guwakiskenda) dewantaka kaliyan narantaka gugur dening anggada kaliyan anila,trinetra ngedalaken latu wonten palarapanipun (bathuk),para wadya wanara mundur...anila lajeng sowan dhateng lesmana widagda.

pathet sanga

-gara-gara para punakawan sami suka parisuka. Lesmana widagda prapta,anila rawuh...bage-binage lajeng rembag:senopati ngalengka nggih putra ngalengka piyambak,dewantaka kaliyan narantaka sampun gugur wonten astane anggada kaliyan anila.nanging trinetra ngamuk punggung,wadya wanara sami mundur...lajeng lesmana widagda bidhal arsa mejahi putra ngalengka

-perang kembang

-lesmana widagda kepanggih kaliyan gunawan wibisana rembag: lesmana majeng wonten palagan tanding kaliyan putra ngalengka,wibisana ingkang paring cara.lajeng bidal.

-lesmana tanding kaliyan putra ngalengka. lesmana tanding kaliyan trimurdha,trimurdha pejah kenging jemparin tiga kena jangganipun ingkang cacah tiga,lesmana tanding kaliyan trikaya,trikaya pejah kenging jemparing ngenani padarane ingkang jeri wetenge wonten wisane,lesmana tanding kaliyan trinetra,trinetra pejah kenging jemparing ngenani palarapane ingkang dados pengapesane trinetra,lesmana tanding kaliyan trisirah,trisirah pejah kenging jemparing tiga ingkang ngenani sirahipun ingkang cacah tiga...lajeng mundur...Indrajid mundur

-jejer ngalengka dasamuka kaadep indrajid kaliyan pulontani,rembag menawi kadang-kadangipun sedaya sampun pejah.dasamuka gregeten.lajeng pulontani usul menawi kumbakarna dados senopati.dasamuka ngutus indrajid supaya gugah kumbakarna kepati nendra ana guwa gohkarna.lajeng bidhal

-jejer guwa gohkarna kumbakarna kepati nendra digugah wadya ngalengka mboten saget wungu,lajeng indrajid gugah mawi mantram sakti. kumbakarna lajeng saget wungu.rembag: menawi ngalengka rusak mboten karu-karuan.lajeng kumbakarna wangsul dhateng ngalengka

-jejer ngalengka dasamuka kepanggih kumbakarna,gapyuk rerangkulan.bage-binage,lajeng rembag perkawis negari ngalengka kang saya suwe saya rusak,kumbakarna saguh minangkani pamundhut dasamuka...lajeng kumbakarna mangan panganan kang disuguhake kang ana ngarepane kang pancen disuguhake karo dasamuka kanggo kumbakarna dewe.

pathet manyura

-jejer pancawati prabu rama kaadep lesmanawidagda,gunawan wibisana,narpati sugriwa,anoman,anggada rembag bab senopati ngalengka ingkang katah sami gugur,kesaru rawuhe anila rembag menawi aswanikumba kaliyan kumba-kumba ngamuk wonten palagan,wibisana ngawe anoman kaliyan anggada supados majeng wonten palagan.lajeng bidhal

-aswanikumba lan kumba-kumba tanding kaliyan anoman lan anggada. wiwitane anoman kaliyan anggada kawon...lajeng diparingi pamrayoga dening wibisana...tanding malih,aswanikumba kaliyan kumba-kumba pejah didhu sirahipun dening anggada kaliyan anoman.

-mireng pejahipun putra kembar pangleburgangsa,kumbakarna sedhih kelangan putra ingkang ditresnani,lajeng pamit kaliyan garwane dewi kiswani sang kumbakarna arsa magut wonten palagan....nalika sampun pamit.....dicegat dening togog kaliyan mbilung rembag arsa ngetutake lampahipun kumbakarna lajeng bidhal wonten palagan..

-lampahipun kumbakarna diadang kaliyan sasmita gaib awujud swara dewi pertiwi kang ngemutaken kumbakarna sampun ngantos majeng wonten palagan,mboten digubris kaliyan kumbakarna nerusaken lampahipun. wonten sasmita malih awujud wit nagasari ingkang mapan wonten madyaning palagan..ora ana barat ora ana angin rubuh kabarubuh...kagyat kumbakarna nanging tetep nerusaken lampahipun.

-kumbakarna kaliyan togog leren sawetara,jejagongan...ngertos wonten kwandane aswanikumba kaliyan kumba-kumba lajeng kumbakarna bangkit bidhal wonten palagan...

-kumbakarna ngamuk-ngamuk wonten palagan....lampahipun dicegat dening wibisana,jejagongan sakedhik..bab perkawis kenging menapa kumbakarna watak satriya utama kok mbela kakange kang watak angkara murka? apa tumindake kumbakarna iku luput? kumbakarna mangsuli yenta kumbakarna dadi senopati iku ora amarga mbela dasamuka nanging mbela marang negara wutah getihe sing disengiti iku dudu prabu rama nanging sing disengiti iku sing jajah marang negara ngalengka. wibisana wangsul...kumbakarna ngamuk malih...para wadya wanara sami kasoran

-ngertos katah wadya ingkang sami kasoran,lesmana widagda ngedalaken jemparing,ngenani lengene kumbakarna sisih tengen,ngamuk malih,lesmana ngedalaken jemparing ngenani lengen sisih kiwa..tambah saya ngamuk,sikile kumbakarna ngidak-idak wadya wanara,lajeng kumbakarna nyaut sugriwa...sugriwa amung bisa pasrah,anoman ngedalaken angin sajuga...,sugriwa keterak angin saking anoman,nanging sugriwa ugi nyuwek kuping kiwa-tengen kaliyan irunge kumbakarna kang nyebabake kumbakarna bindeng anggone omong...saya tambah ngamuk kumbakarna...lajeng lesmana ngedalaken jemparing ngenani sikil kiwa-tengen...,kumbakarna langsung glundung kaya debog mlaku..,lesmana widagda ngedalaken jemparing kena dadane kumbakarna sakala pejah sanalika,wibisana tawang tetangisan...dugi dewi kiswani ngertos kumbakarna pejah lajeng dewi kiswani ugi katut pejah.....

-tancep kayon

sumber: dari mp3 Ki.H.Anom suroto